MBANGUN KAWICAKSANAN ING URIP KITA



dening : Wong Jawa

Urip sing tansah linambaran kawicaksanan iku antara liya ngandhut unsur :

1. Jujur
2. Adil
3. Bener
4. Wani
5. Rila legawa

Mangga kita tlusuri setunggal-setunggal :

1. Jujur

Jujur iku burus lurus (prinsip sing apik) ing ati, pikiran, sikep, lan tumindake.
Walikane jujur yaiku curang, ngapusi, ngakali utawa dhedhelikan.

Jujur ateges mapanake dhiri ing kaanan padhang sing hakekate uga padhang, sing ing awal, tengah-tengah, uga akhire tansah pandhang.

Mula, jujur iku mungkin kaya peteng, salah utawa ngrugekake ing awal-awale, nganging ing jangka panjange, sapa sing jujur iku bakal ngrasakake padhang, bener utawa ngrasakake manfaat amarga uwis jujur ing wektu kepungkur.

Wong jujur iku mesthi wong sing ora mung mikirake kaanan lan butuhe saiki, sesuk utawa suk mben uripe nang ndonya, nanging mesthi uga mikirake woh tumindake ing ndonya kang bakal dihisab ing akhirat lan uripe mbesuk ing akhirat.

Pengorbanan amarga sikep lan lakune sing jujur, ditinsakake kanthi rila legawa, amarga paham yen jujur iku mbutuhake pitukon (pengorbanan / lelakon / tindakan kang nyata).

Supaya sukses, jujur katindakake tanpa kenaifan.

2. Adil

Adil maksude ora abot sisih, mbuh kuwi karo wong tuwane, sedulure, kanca-kancane utawa tanggane.
Uga duwe teges ora nutup-nutupi kaanan kang sanyatane nalika dadi seksi, aja nganti kita ngrugekake salah sijine fihak.

Sikep lan tumindak adil iku kudu diwiwiti kanthi cara adil marang dhirine dhewe.
Sabanjure marang kulawargane. Lagi marang liyan.

Supaya sukses, adil katindakake tanpa kenaifan.

3. Bener

Bener iku bisa duwe teges nyata, riil, ora gawe-gawe.

Amarga apa sing dadi bahan pertimbangan bener, kesimpulane mesthi melu bener.

Bener bisa duwe teges ora kliru,
- Ora kliru itungane. Iki didhelok saka segi rasional.
- Ora kliru panglimbange atine. Iki didhelok saka segi qalbiyah.
- Ora kliru miturut piwulange Gusti Allah, yaiku piwulang ingkang katulis ing Al Qur'an lan Hadist. Dadi yen kita wong Islam sing taat, kita kedah nggunakake piwulange Gusti Allah sebagai gendera utama ing babagan jupuk bahan pertimbangan.

Supaya sukses, bener katindakake tanpa kenaifan.

4. Wani

Wani maksude ora meneng, mudur utawa malah mlayu, saka sebab wedi lan cilik atine.

Wani nindakake jujur, adil lan bener iku mbutuhake :
a. Motivasi utawa niat
b. Pamikiran kang mateng, supaya sukses kanthi risiko sing cilik utawa sethithik. Mula aja nganti kesusu lan grusa-grusu.
c. Wani mbenerake sesuatu (nglakokake koreksi).
Yen mampu kita nglakokake koreksi nganggo tumindak nyata.
Yen sajak ora mampu, kita koreksi sarana lesan utawa tulisan.
Yen tetep ora mampu amarga ketemu dalan buntu sing asipat lahiriyah, kita suwunake pitulunganE Gusti Allah kanggo ngoreksi bab-bab penting sing perlu didandani.

Aja nindakake kenaifan.

5. Rila legawa

Jujur, adil, bener lan wani kudu katindakake kanthi rila legawa, tulus, ikhlas lair batin.

Suci ing batin lan sabar ing laku iku bisa mbangun adege urip wicaksana.

Sanajan mengkono aja nindakake kenaifan.

Conto-conto kenaifan ing posting salanjute.
^0^

Maturnuwun sampun mampir ! =D

0 komentar:

Posting Komentar