Falsafah Urip Madya

dening : wong Jawa

1. Ngono yo ngono, ning aja ngono

tegese saumpama kowe duwe hobi aja nganti berlebihan.
Aja nganti hobi kuwi malah gawe kowe lan wong liya cilaka.

Tuladhane : saumpama kowe duwe hobi balapan montor. Aja nganti kowe melu bali (balapan liar). Salurna hobi nang arena balapan sing tenanan. Saumpama kowe mekso balapan liar nang dalan umum kowe mesthi gawe cilakane liyan (misale nyrempet utawa malah nganti nabrak marai patine liyan).

2. Melok, ning aja nyolok

tegese saumpama kowe duwe kaluwihan saka wong liya, aja nganti kowe ngetok-ngetokake kaluwihanmu iku.
Saumpama kowe duwe kaluwihan ing ilmu, harta, lan pangkat, ora usah kowe ngetok-ngetokake kaluwihanmu kuwi.
Ben wong liya wae sing mbiji kowe.

3. Bener ning ora pener

tegese yen kowe tumindak lan ngomong kudu mudeng panggonan lan wektu sing pas. Aja nganti kowe nggawe larane atine liyan amarga tumindak lan omonganmu sing ora pas papan lan wektune.

Tuladhane : Saumpama Si Tejo tokpergok nyolong dhuwit ing tasmu pas kelase lagi kosong. Kowe wis ngapurani Si Tejo ing wayah kuwi. Ing dina selanjute kowe takok karo Si Tejo pas kowe lan kanca-kancamu lagi nglumpuk. "Eh Jo, kowe wingi arep nyolong dhuwitku wi arep kanggo opo tho?" Tindakamu kuwi jenenge ora ngerti papan lan wektu. Kowe ngomong ngono kuwi mau bisa marakake Si Tejo isin mergo kanca-kancane sing liyane mudeng saumpama Tejo arep nyolong.

4. Sing bisa prihatin sajroning bungah, sing bisa bungah sajroning prihatin

tegese kowe kudu bisa ngendhalekake emosi lan hawa nepsumu.
Aja kebablasen bungah yen kowe lagi oleh kabungahan.

Tuladhane : Saumpama kowe bubar oleh dhuwit fitrah, aja langsung ngentekke dhuwit kuwi kanggo dolan, jajan, lan blanja. Luwih apik yen koktabung wae dhuwit kuwi kanggo njagani saumpama bakal ana kabutuhan sing ndadak.

Ananging,.
Kowe ya aja kebablasan sing susah saumpama kowe oleh kasusahan.
Amarga kowe kudu percaya saumpama nasib tiap uwong kuwi wis ana sing ngatur, yaiku Gusti Ingkang Maha Kuasa.

Tuladhane : Saumpama kowe lagi ora nduwe dhuwit ya usaha'a ngen kowe oleh dhuwit. Eh ndilalahe nang panggonanmu kerja kuwi kowe malah ketemu jodhomu. Dadi kowe semangat banget yen arep kerja.

Wong kang ora bisa nyukuri rejeki kang wis ditarima mesthi ngalalake kabeh cara supaya oleh sing luwih, luwih, lan luwih.
Mergo iku syukurana rejeki sing wis thok tarima, nanging aja lali karo tetep usaha, nanging yo aja ngaya.

5. Yen krasa penak lerena, yen krasa ra penak terusna

tegese aja nganti kowe nggunakake istilah menggunakan kesempatan dalam kesempitan.
Kowe kudu bisa nepakake awakmu dhewe sesuai kemampuanmu. Aja nganti jaluk jabatan sing menurutmu kowe ora bisa nglakono kanthi maksimal. Kalungguhan iku kudune amanat, aja nganti njaluk. Kowe kena ambisi nanging aja ambisius.
Jaganen hawa nepsumu.

6. Aja bungah ing pangalem, aja susah ing panacad

tegese, saumpama kowe dialem aja nganti kowe dadi sombong.

Saumpama kowe dicacad utawa disindir aja nganti kowe susah banget.
Kita kudu sadar saumpama kabeh uwong kuwi mesthi duwe kaluwihan lan kakurangan.

7. Tega larane, ora tega patine

tegese yen ana wong cerak kita lagi susah mesthi kita melu susah.

Tuladhane :
1. Yen anak lagi lara, walopun gor lara biasa kaya lara panas, mumet, lan watuk, mesthi wong tuwane melu ngrasakake lara kaya-kaya wong tuwa kuwi sing lara.
2. Saumpama anak duwe kasalahan mesthi wong tuwa ngeki hukuman kanggo anak kuwi ngen anak kuwi sadar dening kesalahane lan oran bakal ngulangi kesalahane. Nanging wong tuwo yo ora bakal ngeki hukuman nganti anake kuwi mati.

0 komentar:

Posting Komentar